10 Apr 2012

Contoh Sesorah :)

Diposting oleh RintanDisini di 7:15 PM

- SESORAH -




Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Ibu Kepala Sekolah ingkang satuhu kula bekteni.  Bapak/ Ibu guru ingkang satuhu kinurmatan. Para kanca kelas XII, XI, ugi X ingkang kula tresnani.
Sakderengipun kula matur wonten ngarso panjenengan sedaya, sumangga panjenengan sedaya tansah kula dherekaken ngonjukaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah awit rahmatipun kita saged makempal wonten ing sekolahan mriki kanthi wilujeng, boten wonten alangan satunggal menapa.
Saklajengipun wonten mriki, kula badhe matur babagan Kedhisiplinan Siswa. Bilih kedhisiplinan menika tindak tanduk ingkang dadosaken kita tertib, teratur, sarta saged mbiyantu kita kangge mujudaken cita-cita kita.
Prelu dipun mangertosi bilih kedhisiplinan menika bilih dipun betahaken kangge sedaya aspek kauripan. Saengga, wonten bab menapa kemawon kita kedah nggadhahi sikap dhisiplin. Namung, kados ingkang kita mangertosi, boten sedaya siswa sekolah tumindak dhisplin, bab kasebat dipun sebabaken dening kirangipun kesadaran diri bilih dhisiplin menika penting, mbok bilih ugi saged saking lingkungan ingkang kirang mbiasakaken diri kangge tumindak dhisiplin. Bab kasebat saged nyebabaken dampak dhumateng saben tiyang. Tuladhanipun, gesang boten saged katata, asring dipun sepelekaken utawi boten dipun ajeni tiyang sanes amargi boten saged mbagi wekdal, cita-cita kita ugi boten saged kawujudaken.
Kanthi menika, sumangga kita para siswa, biasakaken diri kangge tumindak dhisplin, amargi dhisiplin menika migunani sanget kangge kita, tuladhanipun, kita badhe tertib ugi teratur kangge nindakaken sedaya kegiyatan, kita saged langkung dipun ajeni kaliyan tiyang sanes, ugi sedaya menika migunani kangge kita dewasa mangke. Sumangga kita ningkataken kesadaran diri pribadi bilih dhisiplin menika penting ugi migunani kangge kita mujudaken cita-cita.
Mekaten anggen kula matur babagan Kedhisiplinan Siswa, mugi-mugi saged migunani dhumateng kita sedaya. Wonten kirang langkungipun kula nyuwun agunging pangaksama. Wasana cekap semanten,
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

---

0 komentar:

Posting Komentar

 

R.FaristyaSari ♥ Template by Ipietoon Blogger Template | Gift Idea